Puisi Tegalan | MUMET - TEGALSIANA

Latest

INDONESIAN ENGLISH AND JAVANESE

Thursday

Puisi Tegalan | MUMET

 


Wis wolung taun luwih awakmu nguasai negara

awale biasa-biasa baen

tapi suwe-suwe gawe eneg awaku

janji-janji manismu gawe eneg maning

awakmu arep iki iku yen wis dadi presiden

Eneg-eneg memang

Kahanan sing asale wis apik-apik saiki dadi semrawud

Kebhinekaan, toleransi, saiki wis pudar cetar

saat awakmu nguasai negara

Lan saiki wis tambah ruwet

Sembako-sembako manjat tapi ora gelem mudun

Endog sing asale pitung ewu, saiki dadi sanga ewu

Mumet-mumet sirahku


No comments:

Post a Comment

puisi tegalan