Puisi Tegalan| Butuh Duwit - TEGALSIANA

Latest

INDONESIAN ENGLISH AND JAVANESE

Friday

Puisi Tegalan| Butuh Duwit



zaman saiki akeh wong kelayapan
luruh utangan go nyambung penguripan
utang mana mene..
ana sing nang wong
ugo ana sing nang utangan keliling

Butuh duwit
saiki ora kira-kira
sing mulai satus ewu sampe sa hahahahaha
ora kemutan utange kudu disauri
akhire banda dunya kudu didol go nyaur

kondisi kaya kiye ora pudat-pudat
dodolan jarang sing tuku
suwe batine
pan go mangan be kangelan
akhire butuh duwit maning lewat ngutang ngating

Keliling dodolan mung bagjane ben olih duwit
apa maning lagi semadran sepi
akeh wong sing sungkan lunga-lunga adoh
yeng lunga adohpun setahun sepisan
kue be yen lagi badanan

Butuh duwit nemen sung
mugi-mugi kahanan cepat berakhir

No comments:

Post a Comment

puisi tegalan